Kembali Ke Index Video


SD Sokosari Ngoro-oro Patuk Gunungkidul Kobong Rugi Kira-Kira Meh 1 Milyar

Selasa, 19 Maret 2019 | 11:40 WIB
Dibaca: 1433
PAK BON SD SOKOSARI NGEDIKAKEI MARANG PORO WONG WINASIS

Patuk-media pastvnews.com warto daerah, geni gedhé nyerang gedhung SD ing Sekolah Dasar Sokosari, Desa Ngoro oro Patuk, Gunungkidul, Ngayogyokarto, Selasa esuk 19 Maret 2019 dadi viral utowo kondang sak indenge donyo.

Tukiran (59 th) petugas jogo malem SD ngendika yèn dhèwèké teka saka sholat Subuh watara jam 5:00 wib lan nalika bali saka masjid, liwat sekolah ana geni ing sekolah kasebut supaya Panjenenganipun ora kasusahan mulo nimbali réncangipun diundang kanggo ndeleng geni kanthi niat nulungi.

Sayange, amarga geni kasebut gede banget mulat mulat ngobong gedhung sekolah dasar lan peralatan liyane yo ugo kobong, mulo dadeg ake  deweke gugup

SUKASTO KADES NGORO-ORO DELENG BARANG BARANG SIK KOBONG

Geni sing ora baen baen iki bisa dileremke sawise warga guyup rukun nyuntaki banyu nang lokasi kedadean nganggo truk tangki, nganti dho gobyos, lan sawetara iku truk -truk tanki sing kabantu saka BPBD Gunungkidul yo kerjo tenanan.

Kobongan Sekolah Dasar ing Gunungkidul iki kanyoto pisanan sing angel dikendhaleni sebab kobongan iki kiro -kiro mrembet  seko jam limo esuk nganti pirang pirang jam

SD SOKOSARI KOBONG DADI HANGUS

Dugaan geni iki amarga kabel aliran listrik sing konslet, mula asile saka palaporan Kepala Desa Desa Ngoro-oro Sukasto, tumuju menyang BPBD Gunungkidul, ngendikakae yen kerugian iki sakwise di etung tekan atusan yuto rupiah.

Geni iki ora nduweni korban manungso, nanging rugi sawise kacatet gunggunge nyedhaki 1 milyar utawa nganti tekan Rp. 717.000.000, bab iki sing kasusun kerugian kuwi saka kamar guru, laboratorium komputer, perabotan, printer, UPS, laptop, kondisioner, proyektor lan 3 kamar gedhung lan liya-liyané.

SD Sokosari ludes, banjur bangunan sing isih ana yo mung ing sisih wetan ugo kulon, lan sing isih ana material kanthi maneka warna bahan.

PETUGAS PEMADAM RAKYAT SENGKUT NGUNCALI BANYU APINE LEREM

Geni iki kendel ngobong maneko warno amarga ora ono sing nantang. Sawetoro wektu kanggo proses pasinaon marang anak didik, mulo  pihak sekolahan sakwise gedung kobong banjur di preikake utowo di liburke,

Lan durung ono kabar sing di tompo marang wartawan iki, mulo poro murid arep di seleh ngendi sebab telung ruangan sing isine surat penting kobong dari angus.

kabar sing pating sliwer poro murid SD tetep mlebu sekolah dino Jumat 22 Maret 2019 ‘tim penulis/id/ym/sg




Video Terkait


Tidak Ada Komentar

Tinggalkan Komentar


*) Wajib Diisi